Dialog Bahasa Jawa
Minggu esuk Luky didawuhi bapake ngeterake serat undangan
kango Pak Surasa. Luky banjur pamit marang bapake.
Luky :
“ Pak kula kesah nggih. Assalamualaikum.”
Bapak :”
Ngati-ati yo le.”
Luky :”Inggih
pak.”
Luky
banjur nggenjot sepedane. Sawise 5 menit ning dalan akhire Luky tekan ana ing
daleme Pak Surasa.
Luky :”
Assalamualaikum”
Pak Surasa :”
Wa’alaikum salam. Sinten nggih?”
Luky :”
Kula Luky pak, putranipun Pak Barjo.”
Pak Surasa :”
Oalah iki to sing jenenge Luky. Kene mas mlebu ndisik.”
Luky :”
Inggih pak, matur nuwun.”
Pak Surasa :”
Ana apa mask ok kadingaren mara mrene?”
Luky :”
Kula diutus bapak supados nyaosipun serat undangan kagem bapak.”
Pak Surasa :”
Layang opo to mas?”
Luky :”
Serat undangan rapat wonten ing Balai Desa pak.”
Pak Surasa :”
Owalah, yo diaturake bapak yo mas, layange wis tak tampa.”
Luky :”
Inggih pak. Emm gandheng sowan kula sampun cekap kula nyuwun pamit nggih pak.”
Pak Surasa :”
Welah kok kesusu to mas? Mbok dolan kene ndisik!”
Luky :”
Mbenjang malih mawon pak kula sowan mriki.”
Pak Surasa :”
Oo y owes ngati-ati yo mas!”
Luky :”
Inggih pak. Assalamualaikum.”
Pak Surasa :”
Wa’alaikum salam warahmatullahi wabarakatuh.”
Sawise
tekan ngomah mas Dewa kakangne Luky wis lungguh ana ing kursi tamu lan
nyelokake Luky supaya lungguh karo deweke.
Mas Dewa :”
Dhik mreneo, aku wingi nampa laying saka dhik Lastri.”
Luky :”
Apa surasane mas?”
Mas Dewa :” Sesuk liburan Lastri arep mrene
sowan simbah. Aku karo kowe dikon methuk ana ing bandara.”
Luky :” lha kapan niku mas?”
Mas Dewa :” Sesuk minggu jam 4 sore.”
Luky :” oo yoh.”
Kring…..kring…..kring…..
Luky :” Wah hp kagungane sapa
kae mas?”
Mas Dewa :” Hp ku kae dhik. Jupuken kana!”
Luky :” Iya mas.”
Luky njipuk hp ne mas Dewa ana
ing kamar.
Luky :” Hallo,
Assalamualaikum.”
Lastri :” Wa’alaikum salam. Dhik
luky ya. Iki aku mbak Lastri.”
Luky :” Ooo mbak Lasrti ta,
ana kabar apa mbak?”
Lastri :” aku wis kirim laying
marang mas Dewa, yen liburan iki aku arep sowan simbah ana ing kono.”
Luky :” Ohh iyo mbak mau mas
Dewa wis kandha marang aku yen mbak Lastri arep mrene.”
Mbak Lastri :” kowe iso methuk aku ora dhik?”
Luky :” saged mbak, sesuk tak
papak ana ing bandara.”
Mabk Lastri :” yow is dhik nuwun lho.
Assalamualaikum.”
Luky :” Wa’alaikum salam.”
ini karya berdua... aku sama Nurul. Visit blog ku yuk vina-lutfia.blogspot.com
BalasHapus